produk

1. sulit tidur minum teh herbal pembuat kantuk harga Rp 25.000
perkotak
2. stroke perbanyak makan buah dan sayur atau minum sirup
strike yang berasal dari buah apel,pir dsb Rp 40.000 per 330
ml
3. darah tinggi.kolesterol,diabetes pakai yang alami untuk
jangka panjang seperti teh alam diramu dari berbagai daun
daunan dan hasil penelitian ahli 50.000 per kotak
4. demam berdarah(dbd) bantu penyembuhannya dengan teh eritro
berasal dari daun jambu biji dan bahan lain 20.000 per kotak

jika berminat kirim pesanan anda beserta nama ,alamat,no tlp ke ir.syah@yahoo.com

Minggu, 27 Januari 2008

Out of topic :cuma titip artikel

Tafsir "Ngelmu Kelakone Kanthi Laku"
Dening Tangkisan Letug

Asring isih sok keprungu, wong-wong jawa mbangun
kawruh kanthi dalane "ngelmu". Dikandhakake yen ta
ngelmu iku kelakone kanthi laku. Kepiye jan-janne
nasing kejawen iku kudu ditafsirake?

Tafsiran Kleru lan Mblasukake

Tafsir sing kleru marang kawicaksanan Jawa iku yaiku
bilih ngelmu iku dadi dudu barang rasionil maneh. Ing
kene argumen sing sok dienggo, kawruh kejawen kuwi
beda karo kawruhe wong-wong barat (eropa) sing
migunakake "rasio". Kawruh barat kuwi jarena rasional,

lan kawruh kejawen kuwi luwih ngenani "rasa" (ora
rasional).

Tansir kaya mangkono iku miturut panemuku kleru
banget. Tafsir iku mung waton beda. Kamangka yen awake

dhewe gelem ngupaya nggoleki kawruh kanthi temenan,
kudune tundhon-tundhone nemu nas sing padha. Kawruh
kejawen kang lebet kuwi jatine ya "rasional banget".
Saya jero kawruhe wong, saya bisa anggone ngungkapake
sacara rasional. Saya cethek kawruhe, wong saya mung
bisa waton beda lan sulaya.

Yen dikandhakake dalaning kawruh wong jawa kuwi
dalaning rasa rinasa, ing kene tafsiran kang salah
banjur dikontrasake karo nalar. Kamangka kawruh tanpa
nalar kuwi sing ana mung peteng. Dadine ya kawruh
peteng. Iki sing disebutake "ngelmu ireng". Dene
ngelmu putih iku "ngelmu terang nalar."

Ciri-cirine Kawruh

Yen arep diudhari, ing kene ciri-cirine kawruh sejati
kanggo wong jawa dak kira ora adoh karo kawruhe
wong-wong saka tlatah liya. Ciri-ciri kuwi yaiku:
* nganggo nalar kang sehat, ora mlayu ngendhani
pertanggungjawaban;
* mbangun sacara positif nyokong urip kamanungsan, lan

ora destruktif;
* tinarbuka marang kritik, lan ora mulung ideologis
(ideologis ateges "anti-kritik");
* ora ninggal moralitas, kang ateges ana ing dalaning
cik-beciking manungsa;

Yen kawruhe wong jawa ora nemu nas-ing harkating
kamanungsan, ateges kawruhe wong jawa kuwi mau palsu
utawa kawruh peteng, kang mung tansah nggawa ciri
destruktif marang liyan.

Sumangga.
4 September 2003

http://groups.yahoo.com/group/wajaseta/message/3704


Titikanipun:

Waosan menika kalebet waosan eksposisi amargi waosan
menika ngandharaken kados pundit tafsiranipun utawi
tegesipun ukara "ngelmu iku kelakone kanthi laku".
Kados pundit tafsiran ingkang leres lan kados pundit
ugi tafsiran ingkang lepat. Kejawi menika waosan
menika ugi ngandharaken kados pundit cirri-cirinipun
kawruh. Waosan menika naming paring pangertosan
dhumateng pamaos menapa ingkang dipuntegesi kaliyan
ukara "ngelmu iku kalakune kanthi laku" menika,
mboten wonten unsur badhe mempengaruhi tiyang pamaos.
Khasiate Lidah Buaya Ora mung Kanggo kramas lan tamba
tatu

Masyarakat padha nenandur lidah buaya umume kanggo
pasren utawa rerenggan plataran utawa tanaman hias.
Durung akeh kang migunakake kanthi optimal kanggo
kesehatan. Paling-paling mung dianggo kramas.Bab iki
amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing kene
penulis bakal ngaturake bab khasiate lidah buaya.

Wektu iki wis dadi trend masyarakat modern bali marang
alam,antara liya kanthi migunakakae tanaman minangka
obat klebu ing kene lidah buaya utawa basa Latine Aloe
Vera.Ing negara maju kayata Amerika , Australia, lan
negara-negara ing Eropa, lidah buaya dipigunakake
kanggo bahan baku industri lan omben-omben kesehatan.
Ing Indonesia uga wis akeh kang padha mbudidaya Lidah
Buaya. Wilayah penghasil lidah buaya kang paling
jembar yaiku Kalinantan Barat (Pontianak ),saengga
kawentar minagka kutha Lidah Buaya.

Adhedasar panaliten, godhong lidah buaya bisa
dipigunakake minangka anti i inflamasi utawa
peradangan, anti jamur, anti bakteri, lan regenerasi
sel . Kejaba iku lidah buaya uga duweni khasiat
ngudunake kadar gula sajrone getih kanggo panandhang
diabetes. , ngontrol tekanan getih, ngrangsang
kekebalan awak ngadhepi serangan lelara kanker, sarta
dipigunakake minangka nutrisi pendukung tumrap
panandhang HIV. Lidah buaya uga mbiyantu nyegah encok
utawa rematik lan ngurangi peradangan panggonan
persendian lan sing wis kita sumurupi lidah buaya
nyegah rontoking rambut lan nambani tatu. Menawa ing
ndalem ana tanaman lidah buaya ora perlu bingung yen
golek obat tatu. Kanggo nambani ambeien utawa wasir
lan radang tenggorokan uga bisa.

..Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa bahan
dadi kayata kapsul, jus pasta utawa makanan lan
minuman kesehatan. Kembang lan akare uga duwenu
khasiat kanggo ngobati lelara. Yaiku tatu memar lan
muntah getih.Akare nduweni khasiat minangka obat
cacing tamba sembelit utawa angel bebuwang. Gel lidah
buaya uga nduweni kasiat ngatasi gangguan pencernaan,
ngatur keasaman lambung, ngundhakake kinerja
lambung,gangguan panggonan usus liyane.

Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku cairan
bening kaya jeli.kanthi mbelah batang lidah buaya.
Khasiat utamane yaiku anti inflamasi,anti bakteri,anti
jamur, lan mbiyantu regenerasi sel. Cairan kuning ing
perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake
kanggo obat pencahar komersiallan ngandhut zat kang
jenenge aloin. Zat gizi lan zat liyane kang kinandhut
sajrone lidah buaya pancen cukup akeh,saengga maedahi
tumrap kasarasan.

Carane ngramu

Kanggo ngatasi wasir mundhuta godhong lidah buaya
separo,1/2 cangkir banyu mateng lan 2 sendok madu. Eri
lidah buaya dibuwang. Godhong kang wis ora ana erine
kasebut dikumbah resik lan diparut. Sawise iku disoki
banyu mateng kasebut lan madu, dicampur lan diudak
rata ,banjur disaring. Olehe ngombe ramuan iki sedina
kaping telu.

Kanggo nambani watuk rejan mundhuta 20 gram lidah
buaya lan 40 cc madu. Sawise dikumbah resik lan
diilangi erine,gel lodah buaya dicampur karo madu.
Olehe ngombe sedina kaping pindho ,esuk lan
sore.sawise mangan

Kanggo ngudunake kolestrol bahane 30 gram lidah buaya
dan 3 iji who mengkudu utawa pace kang wisa mateng.
Carane gawe : lidah buaya dionceki lan dijus
bebarengan karo pace ,banjur diwenehi banyu sakcukupe
lan digodhog nganggo banyu sakcukupe nganti umob.
Sawise iku diombe rikala anget sedina kaping
pindho,esuk lan sore..

Tamba diabetes Mundhuta lidah buaya sapelepah lan
banyu 3 gelas. Nulli dikumbah resik.Dibuwang
erinine,banjur diris-iris lan digodgog nganggo banyu 3
gelas,banjur didadekake 1½ gelas. Olehe ngombe sedina
ping telu a ½ gelas.

Tamba eksim: Bahan : 5 gram lidah buaya ,100 gram
temulawak' 20 gram godhong pegagan, 5 gram laos.14
gram kencur. 10 gram godhong sembung legi, 10 gram
godhong meniran' 10 gram godhong kates.24 gram
widoro upas, 20 gram kayu manis lan 20 gram sangkobak.
Kabeh bahan didheplok alus lan ditambah banyu 400
ml,banjur disaring. Asil saringan kasebut banjur
diombe langsung ping pindho sedina ,esuk lan sore
Tamba asma : 300 gram lidah buaya dikumbah
resik,diparut,diperes banjur disaring. Asil saringane
diombe sedina kaping pindho ,esuk lan sore. Kanggo
tamb watuk bocah migunakake gel lidah buaya (dikumbah
dhisik ),diombe esul lan sore,saben sakombenan 1
sendok teh
Warna-warna penyajian

Saliyane ngunjuk utawa dhahar kanthi cara kang wis
disebut ing dhuwur, yaiku migunakake langsung bahan
seger ,wektu iki uga akeh kang mroduksi kanthi cara
liya supaya awet tanpa ngurangi kasiate. Wektu iki uga
ana sing mbudidaya digawe cendhol dhawet. Menawa
panjenengan kerep mriksani pameran utawa bursa tanaman
obat ing Ngayogyakarta mesthi mergoki ana kios dhawet
lidah buaya. Ana weteng rasane kepenak banget,bisa
ngurangi rasa sebah panggonan weteng.. Kepriye carane
gawe ? Gampang kok. Mundhuta 1 kg lidah buaya,dikumbah
resik,banjur dipundhut bageyan njero kang ngandhut
lender. Sawise iku potongan lidah buaya kasebut
diwenehi uyah nuli diaduk-aduk saengga ilang lendire.
Sawise iku banjur dikumbah nganggo banyu resik nganti
ambal kaping pindho utawa ping telu nganti resik.
Irisan kang wis resik mau banjur digodhog nganggo
banyu lan godhong pandhan nganti mateng utawa umob.
Kangge gawe sirup migunakake gula jawa dilaurutake ung
banyu 250 cc banyu lan digodhog nganti umob,semono uga
santene digawe pisah..
..Olehe nyawisake ,potongan lidah buaya dicemplungake
ing gelas lan ditambahake sirup gula jawa lan santen.

Cara liyane yaiku digawe selai . Bahan : Daging lidah
buaya. ; 500 gram gula pasir kanggo 1 kg. Daging lidah
buaya,; asam askorbat o,1 % utawa 1 gram per liter
banyu; natrium benzoate o,5 % utawa 5 gram per kg
daging lidah buaya. ' 3 gram ager-ager bubuk utawa
½ bungkus. Carane nggawe : Lidah buaya kang wis resik
banjur dikum sajrone larutan asam askorbat sajrone 15
menit, banjur ditirisake lan diremuk nganggo blender.
Lidah buaya kang wis remuk iki banjur dipanasi kanthi
nambahake gula pasir,asam sitrat lan ager-ager. Olehe
manasake nganti umob kanthi diaduk-aduk ,sawise iku
diwenehi bahan pengawet benzoate. Sawise dadi
gel,olehe manasi diendhegake lan busa kang ana dhuwur
dibuang. Selai wis dadi lan siap dikemas nganggo
botol.

Ana maneh kang diolah kanthi srana digawe teh Carane
nggawe : Kulit godhong lidah buaya dikumbah resik lan
ditirisake,dipotong cilik-cilik utawa dirajang kaya
godhong tehbanjur dipepe sing panas utawa dioven.
Sawise dikeringake ,teh lidah buaya siap dikonsumsi
kaya dene teh tubruk utawa teh biasa. Uga bisa digawe
bubuk,banjur dikemas sajrone kanthong kertas kayadene
teh celup.

: Dodol : Bahan : 1 kg daging daun lidah buaya; 700
gram tepung ketan' 400 gram tepung beras;2 kg gula
pasir' 2 liter santen; 0,1 % asam askorbat ( 1 gram
kanggo 1 liter banyu utawa 0,1 gram kanggo 100 ml
banyu ); pewarna ijo prayoga sing alami nganggo
godhong suji ); ager-ager sakcukupe. Carane nggawe :
santen lan gula dimasak nganti kenthel. Tepung ketan
lan beras dicampurake ing larutan gula. Lidah buaya
dicemplungake, banjur diudak nganti ora lengket ing
wajan. Sawise iku diwenehi ager-ager lan pewarna lan
dodol siap dikemas. Dodol lidah buaya iki mujudake
panganan khas Pontianak.

Kanggo omben-omben bisa digawe sirup lidah buaya lan
serbat. Bahan kang diperlokake kanggo nggawe sari
lidah buaya yaiku : godhong lidah buaya kang dijupuk
daginge. Pilih sing during tuwa kanthi cirri : werna
ijo, bintik-bintik putih, perangan pinggir erine empuk
lan pucet. Daging lidah buaya dicampur nganggo banyu
kanthi perbandingan : daging lidah buaya : banyu 1 :
4, saumpama daging lidah buaya 100 gram banyune 400
ml. Sabanjure daging lidah buaya lan banyu diblender
nganti remuk Sabanjure disaring nganggo kain saringan
utawa saringan plastic Lebokna ing cairan lidah buaya
kasebut gula 10 – 15 %,asam sitrat 0,1 -0,2 %,uyah
0,025-0,1%,esen lan pewarna sakcukupe. Sabanjure
dimasak sajrone suhu 85-90 derajat Celcius nganti
20-25 menit. Sajrone kahanan panas ,dilebokake ing
botol-botol kang wis disterilake (digodhog sajrone
banyu nganti 1-2 jam ) kanthi nyisakake ruangan 1,5
–2,5 cm saka ndhuwur tutrup botol. Botol-botol kang
wis isi kasebut 10 – 15 menit, banjur ditutup rapet
lan kareben adhem ing suhu ruangan..Panggonan botol
diwenehi etiket lan minuman sari lidah buaya bisa
dipasarake Dene serbat lidah buaya, carane nggawe :
mundhuta 10 iji godhong lidah buaya,banyu 500 cc, 1
sendok makan kapur sirih kang dilarutake ing banyu
1.500.cc,150 gram gula pasir, 4 iji cengkeh, 3-5 cm
kayu manis. Lidah buaya dionceki lan dijupuk bageyan
kang bening,banjur diiris cilik-cilik wujud dadu utawa
kubus. Sawise iku potongan lidah buaya dicemplungake
ing larutan kapur sirih sajrone 30 menit. Sawise 39
menit ditirisake lan disiram nganggo banyu umob
sakcukupe,nuli dikumbah nganti resik. Kanggo nggawe
sirupe ,migunakake banyu,gula,kayu manis lan cengkeh
kang digodhong nganti umob. Sawise umob potongan lidah
buaya dicemplunge ing godhogan sirup kasebut lan
banjur diangkat lan siap diombe sawise adhem. Uga bisa
ditambahake es batu utawa es serut.

Peluang bisnis

Peluang bisnis lidah buaya wektu iki cukup gedhe.Apa
maneh ing Indoensia wis akeh kang mroduksi
obat,kosmetikalan minuman kesehatan nganggo bahan
lidah buaya. Ing tataran donya bisnis lidah buaya
nilai penjualan lidah buaya 60 milyar dollar/tahun..
Emane ing Indonesia budidaya lidah buaya during
intensif kejaba ing Kalimantan barat. Kita asring
mrangguli isih akeh lemah kang nganggur during bisa
dipigunakake. Mula para petani uga perlu uga mikirake
budi daya tanaman lidah buaya. Ikii. Wondene teknogi
tepat guna uga wis ana kaya kang dhak aturtake ing
dhuwur. Ing kalangan kelompok tani wanita uga perlu
nggarap tanaman iki. Nyatane ing tanah Jawa uga bisa
thukul gedhe-gedhe. Mesthine migunakake bibit unggul
saka Kalimantan barat Apa maneh lidah buaya uga tahan
ing tanah kang kering. , Ing daerah perkotaan bisa
migunakae pot kang gedhe. Coba,menawa saben omah padha
nandur lidah buaya limang pot, menawa sak RT 40 omah
,bisa ngasilake 200 pot lidah buaya. Ibu- ibu PKK bisa
ngolah arupa cendhol,teh,sirup lidah buaya,dodol lsp.
,saengga nambah nilai ekonomis tanduran iki. . Dinas
Pertanian Kabupaten utawa Kota perlu nyurung wargane
budidaya lidah buaya iki. Apa maneh tanaman lidah
buaya gampang lan relative ora mbutuhake investasi
kang dhuwur. Bab iki disebabake tanduran iki mujudake
tanaman tahunan kang bisa dipanen bola bali kanthi
masa produksi 7-8 tahun. Mangga dicoba!******(Saka
warna-warna sumber : Lukyastirin D )

..Dimuat di Panyebar Semangat,tahun 2005

http://astrini.wordpress.com/


Waosan menika kalebet waosan eksposisi titikanipun:

Waosan menika ngandharaken menapa kemawon khasiatipun
lidah buaya, mboten naming kangge nyuburaken rambut,
ananging ugi saged kangge ngobati lara weteng, wasir,
asma, eksim, lan sanesipun. Kejawi menika ugi
dipunandharaken kados pundit anggenipun ngracik
taneman menika supados saged dados obat. Lidah buaya
ugi saged dipundamel dados dodol, kangge omben-omben.
Kejawi menika saged dados peluang bisnis ingkang
untungipun lumayan ageng.

Waosan menika naming ngandharaken menapa mawon
khasiatipun lidah buaya kangge manungsa, kados pundi
caranipun damel obat, lan saged dipundadosaken peluang
bisnis. Waosan menika sifatipun paring pangertosan
kemawon, mboten mempengaruhi, saengga waosan menika
saged dipunsebat waosan eksposisi.



________________________________________________________

Bergabunglah dengan orang-orang yang berwawasan, di di
bidang Anda! Kunjungi Yahoo! Answers saat ini juga di http://id.answers.yahoo.com/



________________________________________________________
Kunjungi halaman depan Yahoo! Indonesia yang baru!

http://id.yahoo.com/

6 komentar:

Anonim mengatakan...

机票 国际机票 国内机票 搬家公司 北京搬家公司 搬家搬家公司 北京搬家 北京搬家公司 婚纱 礼服 婚纱摄影 胶带 圣诞树 小本创业 小投资条码打印机 条码打印机证卡打印机 证卡机 标签打印机 吊牌打印机 投影机 投影仪 月嫂 育儿嫂 月嫂 育儿嫂 月嫂 育儿嫂 婴儿用品 宝石 眩晕 咖啡机 逆变器 北京油烟净化器 营养师考试 橡胶模 电子产品设计 公共营养师 自动麻将桌 空调保养 北京婚庆 北京婚庆 机床厂 麻将机 打印机维修 肩周炎 镇流器 空调安装 塑钢门窗 强直性脊柱炎 空调移机 空调移机 北京空调移机 门禁系统 蛋糕 北京空调维修 治疗近视 eq2 gold 营养师资格考试 门禁 电话交换机 集团电话 前列腺 前列腺炎 前列腺炎症 前列腺增生 慢性前列腺炎 急性前列腺炎 前列腺癌 前列腺肥大 前列腺症状 前列腺治疗 前列腺痛 细菌性前列腺炎 前列腺发炎 前列腺炎检查 前列腺疾病 早泄 阳痿 泌尿 血尿 尿路感染

Anonim mengatakan...

wow gold
wow gold
wow gold
wow gold
wow power leveling
wow power leveling
wow power leveling
wow power leveling
World of Warcraft Gold
wow gold
wow power leveling
wow gold
wow gold
wow gold
wow power leveling
wow power leveling
Rolex Replica
rolex
Rolex Replica
rolex
Rolex
租房
租房
北京租房
北京租房
changyongkuivip

Anonim mengatakan...

不動産投資 システム開発 SEO対策 広島 不動産 札幌 不動産 仙台 不動産 大阪 不動産 横浜 不動産 名古屋 不動産 福岡 不動産 京都 不動産 埼玉 不動産 千葉 不動産 静岡 不動産 神戸 不動産 浜松 不動産 堺市 不動産 川崎市 不動産 相模原市 不動産 姫路 不動産 岡山 不動産 明石 不動産 鹿児島 不動産 北九州市 不動産 熊本 不動産 収益物件 webシステム開発 賃貸 東京 賃貸 広島 賃貸 広島 賃貸

blog marketing mengatakan...

北京国际机票预定中心,为您提出供,国内机票国际机票留学生机票特价机票特价国际机票电子机票、欢迎垂询!

北京飞龙搬家公司,是北京搬家行业中值得信赖的北京搬家公司,工作细心、服务周到,欢迎有搬家的朋友们致是垂询!
北京天正搬家公司,是北京搬家行业中值得信赖的北京搬家公司,工作细心、服务周到,欢迎有搬家的朋友!

北京佳佳乐月嫂服务中心,为您提供月嫂育儿嫂育婴师服务,本中心月嫂育儿嫂育婴师均经过严格培训,执证上岗!

北京婚纱摄影工作室,个性的婚纱礼服设计,一流的婚纱礼服设计人才,国际流行风格婚纱礼服的设计理念以及个性婚纱摄影的强力整合;力争成为中国最大的婚纱礼服定做机构!
北京圣诞树专卖中心,厂家销售。可来样加工各种大型超高圣诞树、松针圣诞树大型圣诞树,欢迎前来圣诞树厂家咨询订购!

创业,大学生创业,如何创业呢?如何选择创业项目?要看投资大小,选择小投资高回报的项目才是最关键的!

星云科技,诚信教育,竭力为广大院校组建小学科学探究实验室数字探究实验室数字化实验室探究实验室探究实验配套设施.
机票|特价机票|机票查询|北京机票|打折机票|国际机票|机票预定

Anonim mengatakan...

Who knows where to download XRumer 5.0 Palladium?
Help, please. All recommend this program to effectively advertise on the Internet, this is the best program!

MY BLOGGER mengatakan...

faktor tidak terkabulnya doa
tips meningkatkan ibadah
diam lebih baik daripada bicara